Salah Kaprah Basa Jawa

NGURI-URI KABUDAYAN JAWA

 

SALAH KAPRAH BASA JAWA

Ing pasrawungan Jawa dikenal anane undha usuk utawa unggah-ungguh basa. Diarani undha usuk amarga tetembungane duweni teges padha, nanging beda-beda anggone migunakake. Bab iki kalebu salah siji kaluwihane Basa Jawa tinimbang basa liyane. Amarga nalika matur marang wong siji karo liyane durung mesti padha. Pambedane gumantung saka sapa kang omongan, sapa kang diajak omongan, lan sapa kang diomongake.

Basa kang asring digunakake kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan krama. Basa ngoko digunakake kanggo matur marang kanca utawa sapadha-padha (seumuran), wong kang wis akrab, utawa marang wong kang luwih enom. Dene basa krama digunakake kanggo matur marang wong kang luwih tua, wong kang diurmati, utawa wong kang durung kenal.

Bocah-bocah sekolah bisa ndelok bedane basa kasebut ing Buku Pepak Basa Jawa. Ing materi tetembungan ngoko-krama madya-krama inggil. Banjur apa bedane basa krama madya lan krama inggil kasebut? Bedane yaiku menawa basa krama madya digunakake kanggo ngramake awake dhewe, dene basa krama inggil mligi kanggo ngramakake wong liya kang luwih tuwa utawa kang diajeni. Dadi, menawa matur migunakake basa krama kanggo awake dhewe ora entuk migunakake basa krama inggil.

Menawa awake dhewe gelem sinau Basa Jawa, pranyata akeh banget mumpangate. Awake dhewe bisa matur kanthi sopan lang ngajeni wong liya. Emane, saiki wong Jawa kang saben dinane kulina migunakake Basa Jawa sansaya kelong. Akeh bocah-bocah cilik, kang wiwit lair lan gedhe ing lingkungan Jawa malah ora bisa Basa Jawa kanthi becik. Bab kasebut amarga wiwit cilik wong tuwane anggone ngajari matur wis migunakake Basa Indonesia, dadi katresnane marang Basa Jawa isih kurang.

Saliyane kuwi, senajan ana kang kulina migunakake Basa Jawa, kuwi wae durung temtu bener. Mligine nalika matur migunakake basa krama. Akeh sing ora bisa mbedakake endi tetembungan basa krama madya lan endi kang krama inggil. Bocah-bocah padha matur kanthi pikiran “Sing penting krama.” Kamangka kadhangkala kuwi malah kleru, amarga awake dhewe dikramakake inggil.

Tuladhane, ing sawijining dhusun, ana ibu-ibu kang ngendika marang anake sing isih cilik. “Dhik, iki mengko rotine diparingke Budhe ya!” Menawa ditiliki basane, bener utawa kleru? Kuwi cetha kleru, yaiku ing tembung diparingke. Menawa bocah cilik arep menehi wong kang luwih tuwa, sing bener udu paring, nanging caos. Ukarane kang bener yaiku, “Dhik, iki mengko rotine dicaosake Budhe ya!” Basa iki diarani basa ngoko alus, tetembungane ngoko, nanging kacampuran basa krama utawa krama inggil kanggo ngajeni wong kang lagi diomongake.        Ing sekolahan uga bocah-bocah asring bengok-bengok karo kancane, “Cah, kae loh Bu Guru wis teka.” Sing bener yaiku Bu Guru wis rawuh.

Dene menawa basa krama, akeh banget kang ngucapake “Kula sampun dhahar,” ateges aku wis maem. Ananging ukara kuwi kleru, amarga awake dhewe dikramakake inggil. Ukara sing bener, “Kula sampun nedha.” Menawa kanggo wong liya, “Panjenengan sampun dhahar.” Dadi tembung dhahar mung kanggo ngramakake wong liya. Semono uga bab turu, menawa ngramakake awake dhewe “Kula sampun tilem.” Dene  menawa wong liya, “Panjenengan sampun sare.”

Kadhang kala, wong kang wis sepuh uga kleru anggone migunakake basa krama. Tuladhane nyebutake tembung bojo kula, dadi garwa kula. Kamangka tembung garwa kuwi basa krama inggil, sing bener semah kula. Menawa garwa kanggo ngucapake bojone wong liya, garwa panjenengan utawa garwa njenengan. Tuladha liyane meneh, kadang pranatacara ing sawijining acara nyebutake “Matur nuwun awit karawuhan panjenengan sedaya.” Ukara kasebut kleru banget, ing tembung karawuhan. Amarga karawuhan kuwi tegese kesurupan. Sing bener yaiku rawuh utawa rawuhipun.

Ing padhusunan, akeh wong kang migunakake tembung niki (iki), niku (kuwi), utawa nika (kae). Basa kasebut ing ngelmu Jawa diarani krama ndesa,bener nanging kurang bener. Sing luwih bener yaiku menika utawa punika kanggo tetelune kuwi. Saliyane meneh, menawa ngramakake tembung kanca, sing bener tetep kanca, udu rencang. Menawa rencang kuwi tegese batur, rewang, utawa kanca wingking. Ing Basa Indonesia diarani “pembantu”. Tembung kang asring kleru meneh yaiku ing Basa Indonesia “tanda tangan”, dijawakake dadi tapak asta, amarga asta kuwi pancen tegese tangan. Nanging bab kuwi kleru, sing bener tapak asma. Menawa tapak asta tegese cap driji, kang lumrahe migunakake mangsi kae.

Kuwi saperangan ngelmu bab Basa Jawa, muga-muga bisa nambahi seserepan tumrap para pamaos. Ing pungkasan, mligine tumrap bapak ibu guru lan para wong tuwa ing omah, sumangga awit ndandani anggone migunakake Basa Jawa, lan nuwuhake katresnan bocah-bocah marang Basa Jawa. Supaya padha bisa nguri-uri kabudayan Jawa kang bener-bener duweke awake dhewe kabeh iki. Aja nganti Basa Jawa kalah karo ajuning jaman, lan disingkiri dening wong Jawa kuwi dhewe.

Ing ngisor iki tuladha tetembungan ing Basa Jawa kang asring digunakake ing pasrawungan padinan. Ayo disinau bebarengan supaya bisa luwih becik anggone migunakake Basa Jawa. Ajuning basa lan kabudayan Jawa gumantung saka awake dhewe minangka wong Jawa. Aja  nganti “Wong Jawa nanging ilang jawane.” Matur nuwun.

No. Ngoko Krama Madya

(awake dhewe)

Krama Inggil

(wong liya)

Basa Indonesia
1. jeneng nama asma nama
2. kandha matur ngendika bicara
3. ndelok ningali mirsani melihat
4. adus adus siram mandi
5. menehi nyaosi maringi memberi
6. mulih wangsul kondur pulang
7. lunga kesah tindak pergi
8. nggawa mbekta ngasta membawa
9. gelem purun kersa mau/berkenan
10. klambi rasukan ageman pakaian
11. mlaku mlampah tindak berjalan
12. mangan nedha dhahar makan
13. mangkat bidhal tindak berangkat
14. takon nyuwun pirsa mundhut pirsa bertanya
15. teka dugi rawuh datang
16. tuku tumbas mundhut membeli
17. duwe gadhah kagungan mempunyai
18. lungguh lenggah pinarak duduk
19. mara sowan rawuh berkunjung
20. akon (prentah) ngaturi ndhawuhi menyuruh

 

Gayatri Kumala Wardani, S.Pd.